Tuladha-tuladha Penyandra Lan Artine / Tegese

Kelas 3 SDI Al-Mubarok Gununganyar

  1. Alise kaya ngroning imba tegese alise kaya godhong imbo, tipis njlarit.
  2. Alise nyingkal tegese alise kaya singkal
  3. Bathuke nyela cendani tegese bathuke alus sumorot/memancar
  4. Bangkekane nawon kemit tegese bangkeane cilik
  5. Dlamakane sajari miring tegese dlamakane tipis banget
  6. Drijine mucuk eri tegese drijine lancip-lancip kaya pucuri ri
  7. Granane rungih pindha kencana piñata tegese Irunge mbangir/mancung kaya emas digosok nganggo patar.
  8. Gulune nglunging gadhun tegese janjang mayuk, mengarep
  9. Gulune ngulan-ulan tegese gulune janjang
  10. Kempole ngembang pudhak tegese kempole putih mulus
  11. Idepe mangada-ada tegese idepe ngjegrak
  12. Idepe tumengeng tawang tegese idep kang pucuke ndengking, mayuk mandhuwur
  13. Jajabang mawinga-winga tegese dhadhane mengangah abang kaya abange kembang wora-wari
  14. Kempole nyikil walang tegese sikile koyo sikil walang
  15. Kempole ngembang pudhak tegese sikile putih banget
  16. Lakune kaya macan luwe tegese lakune alon banget kaya macan ngelih.
  17. Lakune mucang kanginan tegese mlakune kaya pucang seng kangingan obahe ngiwo nengen
  18. Lakune njalak dinding tegese mlakune kaya manuk jalak dinding
  19. Lambehane mblarak sempal tegese lambehan tangane sempale blarak seng tiba.
  20. Lathi manggis karengat tegese lambe/lathi kanga bang kaya abange manggis dibenthet/diplethek.
  21. Mripate blalak kocak tegese mripate mblalak (ora pati amba nanging bening) semu kedher neng semake.
  22. Mripate ndamar kanginan tegese mripate kaya damar kanginan lep-lep kedher/kedhep-kedhep.
  23. Pakulitane ireng manis tegese werna kulite ireng nanging manis
  24. Pamulune prada binabar tegese wajahe kaya ono sinare
  25. Payudarane nyengkir gadhing tegese gede kaya kelapa nom
  26. Pipine nduren asjuring tegese pipine kaya duren sajuring (lancip)
  27. Polahe kaya gabah diinteri tegese uyek-uyekan, bingung pating bilulung (mbingungi)
  28. Pundhake nraju mas tegese pundhake rata, kiwa-tengene. Maksude pundhak kanan lan kiri sejajar.
  29. Rambute ngandhan-andhan tegese rambute ngombak (bergelombang) kaya godhong pandan/kembang bakung.
  30. Simbar jaja wulu-wawar tegese dhadhane ana wulune dawa-dawa.
  31. Simbar jaja pan kadya walingi tegese wulu ing dhadhane gedhene sawlingi-wlingi
  32. Sinome micis wutah tegese sinome kruwel-kruwel bunder kelap-kelip kaya picis wutah.
  33. Tangane kaya gendhewa gading tegese bentuk lengen tangan kang becik
  34. Tangane kaya gendhewa pinentang tegese tangan sing sikute nekuk mlebu
  35. Tungkake bunder lir jinangka tegese tungkake bunder banget.
  36. Untune miji timun tegese untune cilik-cilik rentep, rapi memper wiji timun.
  37. Waja gathik kumedut padoning lathi tegese untune gathik, padone lambe kedut-kedut (merga napsu banget).
  38. Wang-e nyangkal putung tegese Wang-e wangune memburi lan ramping ngresepake
  39. Wentise mukang gangsir tegese wentise kaya wentis gangsir (sajenis gangsir)

3 komentar:

Post a Comment